Jumat, 18 April 2014

Kebudayaan Banyumas - bagian 2

Kesenian Rakyat Banyumas Agi Mrotholi.

Meksude kesenian rakyat yakuwe kesenian sing dilairna njur di uripi nang masyarakat umume. Beda karo kesenian sing asale sekang kraton. Kesenian rakyat, biasane luwih bebas, ora kakean watesan tabu, ora ilok, tur sapa baen kena nglakoni. Biasane alat tabuhane nganggo bahan bahan sing ana nang masyarakat, kayadene pring, janur, kayu. Kostume ya lewih bebas, werna wernane pating pencorong, bisa nyerep pengaruh anyar, kayadene kacamata, dasi lan liyane sing kaya kuwe.
Nek kesenian kraton, biasane luwih alus, ana pakem pakeme, ora olih dilakoni nang wong sembarangan, contone kaya tari bedoyo.
Jajal, kiye tek bandingena:


Lah.. Nang Banyumas sing urip seni rakyat. Nyuplik sekang Kompas sing wawancara karo pak Yusmanto, sekang Padepoka Seni Banyu Biru, Banyumas, kesenian tradisional nang Banyumas akehe ana 52. Siki, gari 6 sing esih urip. Sisane ana sing wis ora ana bar blas, ana mung wis arang sing nglakokena, ana sing gari siji loro nang ndesa ndesa. Pikiranku, nek kuwe seni tradisi wis ilang, wis angel maning nguripna, malah wis ilang kaya layangan liwung pedhot taline. Tegese, wong Banyumas kelangan budaya. Apa ora getun? Ya pancene sih, sikine akeh tur gampang banget nganggo atawa njiplak seni sing gumebyar kaya nang tipi. Ora salah, ning seni tradisi sing umure wis atusan taun, nek ilang, ya mbok ilang sejarahe, ilang piwulange, ilang jati dirine, mbok? 
Lah kiye, seni tradisi banyumasan sing wis ilang atawa agi tenger tenger nunggoni wektune ilang: 
Jajal esih ana sing kemutan, apa ora?

1. Aksimuda    2. Bongkel/Gondolio     3. Dhoger     4. Guritan   5. Kidugan     6. Menorek/Menoreng     7. Wirengan     8. Ringgeng      9. Angguk     10. Braen    11. Emprak   12. Jonjang     13. Krumpy6ung    14. Munthiet   15. Renggong    16. Ronggeng     17. Aplang   18. Buncis      19. Gejog/Titir     20. Jemblung    21. Macapatan     22. Muyen     23. Rengkong     24. Sintren     25. Baritan     26. Dhaeng/Dames    27. Gumbeng     28. Kaster     29. Marungan    30. Ndhonding/Rengeng-rengeng    31. Rinding     32. Tundhan/Tundhan Belis.




Nek ndeleng jumlahe seni tradisi Banyumasan, sing maune ana 52, trus siki mung gari 6, jajal dijenengi apa kuwe? ya mrotholi mbok ? 
ya wis ! ayuh ! 
wer, kewer, kewer... metu lawang kesandung ember... aduh biyung !
(ester irianti, 18 april 2014)

1 komentar:

  1. 828 Casinos in Las Vegas (NV) | Mapyro
    See what's 경상남도 출장마사지 popular at 속초 출장안마 828 casinos in Las Vegas, NV, including popular 전주 출장안마 828 Casinos, 828 Casino Map. 3131 동해 출장안마 Las Vegas 나주 출장마사지 Blvd S, Las Vegas, NV 89109.

    BalasHapus